Minggu, 24 Juli 2011

"_Sholawatan Ala Gus Dur_"


Ngawiti ingsun nglarasyi ‘iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan 2x
***
Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji sayarate bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro2x
***
Akeh apal Qur’an lan Haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke
Yen iseh kotor ati akale 2x
***
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing papaese gebyare dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nistho 2x
***
Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhite
Baguse sangu mulyo matine 2x
***
Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Laku Thoreqot lan ma’rifate
Ugo haqeqot maning rasane 2x
***
Al Qur’an Qodim wahyu minulyo
Tanpo ditulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dodo 2x
***
Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjunge iman 2x
***
Kelawan Allah kang Moho Suci
Kudu rangkulan rino  lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganthi lali 2x
***
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar nerimo najan pas-pasan
Kabeh dinakdir saking pengeran 2x
***
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podho rukun ojo daksio
Iku sunnaheRosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito 2x
***
Ayo ngelakoni sekabehane
Allah kangbakal ngangkat derajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate 2x
***
Lamun plarasto ing pungkasane
Ora kesasar roh lak sukmane
Den gadang Allah swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese 2x

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

NILAI PAS KELAS 2A

Blok Pink: Siswa Tahfidz